Minggu, 25 Oktober 2009

* Home
* TENTANG

BASA NGAPAK

Agustus 8, 2008

Basa mBanyumasan yakuwe: pitutur/omongan sing nganggo sistematika tinentu sing dituturaken masyarakat Banyumasan kanggo makili wujude benda, tingkah/polah, gagasan karo kahanan. basa Banyumasan kiya kadhang diarani basa ngapak-ngapak lan dadi salah sijiné ciri wanci/idéntitas masyarakat Banyumasan.
Basa kiye dituturna nang wilayah Banyumasan utawa wilayah sisi kulon Jawa Tengah. Basa kiye yakuwe salah siji dialek basa Jawa sing esih nduwe kaitan karo basa Jawa kuna utawa basa Kawi. Jumlah penutur basa kiye kira-kira ana: 12 – 15 juta, kiye termasuk wong mBanyumasan sing nang perantauan.
KLASIFIKASI

Nang klasifikasi ilmu basa modern, basa Banyumasan kiye termasuk klasifikasi rumpun bahasa:

* Austronesia

o Sub Rumpun Melayu Polinesia

§ Melayu Polinesia Barat

§ Basa Paparan Sundik

§ Basa Jawa

§ Basa Banyumasan.

Sejarah Masyarakat Melayu Jawa

Miturut para pakar basa, minangka bagian sekang basa Jawa, basa Banyumasan kuwe wis ngalami tahap-tahap perkembangan kaya dene:

* Abad ke-9 – 13 dadi bagian basa Jawa kuna
* Abad ke-13 – 16 dadi basa Jawa abad pertengahan
* Abad ke-16 – 20 dadi basa Jawa anyar
* Abad ke-20 – tekan siki, dadi salah sijining basa Jawa modern.

(Tahap-tahapan kiye ora berlaku secara universal)

Tahap-tahapan perkembangan kiye dipengaruhi sekang muncule krajan-krajan nang pulo Jawa sing wis nuwuhena budaya-budaya feodal. Budaya feodal kuwe mau sing maraih anane tingkatan-tingkatan basa miturut status sosial. Ning budaya feodal kuwe pengaruhe ora patia gedhe nang tlatah Banyumasan. Buktine, basa Jawa Banyumasan tetep bisa mempertahankan tembung-tembung sekang basa Jawa kuna. Ya kuwe sing nyebabena basa Banyumasan jaman siki bedane mandan akeh karo basa Jawa standar. Masyarakat Banyumasan malah ngarani gaya basa Jawa standar bandhekan utawa basa wetanan (timur).

Miturut M. Koderi (pakar budaya & basa Banyumasan), tembung bandhek kuwe secara morfologis asale sekang tembung gandhek sing tegese pesuruh (suruhan/perentahan), maksude wong suruhan Raja sing diutus maring tlatah Banyumasan. Para pesuruh kuwe nganggo gaya bahasa Jawa wetanan (standar) (Surakarta / Yogyakarta) sing pancen beda karo basa Banyumasan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sing kira2 wong cilacap comment maring blog Wong Cilacap "NGAPAK"