Minggu, 25 Oktober 2009

TATA NGAPAK

Jawa Tengah salah sijine propinsi sing ana nang Indonesia ndue pirang-pirang ragam basa lanka budayan. salah sijine ana nang daerah Jawa Tengah bagian kidul-kulon. Neng daerah kono basa sing dienggo sejen dieleke karo basa daerah liane sing ana neng Jawa Tengah. Basane kue biasane terkenal karo sing jenenge basa NGAPAK. Akeh sing ngomong nek basa ngapak kue,luwih tua sekang basa jawa. Daerah sing nganggo basa ngapak kue banyumas, cilacap, purbalingga, banjarnegara, kebumen bagian kulon.

salah sijine kesenian sing ana nang tatar ngapak jenenge ebeg. Ebeg nek miturut critane kue jenis ibing-ibingan sing nyritakna latian perang wektu semono. Ebeg biasane dimaina nang wong 5 – 8. biasane di iringi karo tabuhan gendanglan kanca-kancane. Ebeg biasane ya ana sing kesurupan, nek dolanan ebeg suene antara 15-20menit. Angger nang daerah gon ku ya esih akeh biasane sing paling akeh nang Karang Sari, Adipla, Maos.

panganan sing khas sekang tatar ngapak jenenge mendoan. mendoan kue digawe sekang tempe tipis digoreng karo trigu setengah mateng, dipangan pas anget karo nyigit lombok iji.

Kue pananen won ngapak biasane Termasuk: , , , , , , , , .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sing kira2 wong cilacap comment maring blog Wong Cilacap "NGAPAK"